Macapat yaiku tembang utawa puisi gagrag lawas kanthi paugeran-paugeran tartamtu, yaiku nduweni guru gatra, guru wilangan lan guru lagu.
--> Guru Gatra yaiku cacahe larik (baris) ing saben pada.
--> Guru Wilangan yaiku cacahe wanda (suku kata) ing saben gatra.
--> Guru Lagu yaiku tibane swara ing pungkase saben gatra.
Cacahe tembang macapat ana 11, yaiku :
1) Mijil
2) Kinanthi
3) Sinom
4) Asmarandana
5) Dhandanggula
6) Gambuh
7) Maskumambang
8) Durma
9) Pangkur
10) Megatruh
11) Pucung
Iki contohne tembang Pucung :
Paugerane : # guru gatra : 4 gatra
# guru wilangan : 12, 6, 8, 12
# guru lagu : U, A, I, A
# wewateke : sakepenake lan kurang greget, lumrahe kanggo nelakake geguyonan lan pitutur.
TEMBANG PUCUNG
Dening : Lilik Faiqotul Himmah
Bapak Pucung
Sirah coklat gembung-gembung
Ing njero kurungan
Mati sakdurunge urip
Yen digesek si pucung dadi pawaka
(Yaiku PENTHOL KOREK)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar